Rabu, 18 Februari 2015

contoh naskah pidato basa jawa

 langsung aja ya.........


Assalamualaikum. Wr. Wb.
Bapak kepala sekolah sekolah ingkang satuhu kinurmatan
Bapak ibu dewan guru ingkang satuhu kula bekteni
Dhumateng Ibu Ramini lan Bapak Misnan ingkang dados guru basa jawa
Sedaya rencang-rencang kelas songo ingkang tansah kulo tresnani

          Minangka purwaking atur, sumangga kita sesarengan ngucapaken puji sukur katur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring rahmat serta hidayah dhumateng kita sedaya saengga ing wekdal punika kita taksih pinaringan rahayu wilujeng nir ing sambikala
          Kaping kalihipun, wonten kalodhangan punika kula badhe atur sesuluh dhumateng Bapak,Ibuguru lan rencang-rencang dhateng rangka nyambut dinten Katini
Saderek-saderek sebangsa lan setanah air
          Ibu Kartini menika sampun nyedhiyani tuladha maring kita sedaya khususipun tiyang setri, bilih jasanipun Ibu Kartini punika sakniki para tiyang estri saget ngraosaken kebebasan ing sajroning panguripan saking jasa-jasanipun Raden Ajeng Kartini punika sakniki para kaum wanita saget bebas medal saking griya, saget pados panguripan piyambak, saget bebas sekolah lan tasih kathah malih. Jalarain  saking punika mangga kita sedaya supados  pengetan dinten kartini punika dados dinten ingkang spesial lan saget ndadosaken majengipun wanita Indonesia.
          Cekap sematen atur kula, mbok bilih wonten kalepatan kula nyuwun agunging pangaksami

Wassalamu’alaikum wr. wb


semoga manfaat amien 

#GOD BLESS YOUU

Tidak ada komentar:

Posting Komentar